Papat Limpad 2012/jv
Papat Limpad 2012 iku istilah jroning Basa Jawa sing maknané Papat Pinunjul minangka ajang kompetisi nulis ing situs Wikipedia Basa Jawa. Kompetisi iki diangkah bakal diiloni déning para mahasiswa-mahasiswa Jurusan Sastra Jawa saka universitas-universitas ing Jakarta, Jawa Tengah lan Yogyakarta. Katahanan para peserta bakal diuji sajroning pitung sasi (27 Agustus 2012 - Maret 2013). Liwat kompetisi iki diangkah bakal ana panambahan gunggung lan kualitas artikel-artikel abasa Jawa ing situs Wikipedia basa Jawa. Kompetisi nulisKompetisi nulis iki dirancang minangka acara kaintegrasi arupa pelatihan, uji katahanan lan upaya panambahan artikel mawa kualitas abasa Jawa ing ranah internèt. Kompetisi iki diselenggarakaké minangka upaya mbébasaké kawruh supaya bisa dianggo déning masarakat kanthi bébas. Karya lan aktivitas para peserta bakal dibiji sacara periodik déning para juri sing dumadi saka gabungan panitia, lan Wikipedia Basa Jawa. Kompetisi iki diwiwiti kanthi pelatihan marang para peserta saéngga bisa nulis miturut standar kompetisi Wikimedia Indonesia. Pawiyatan luhur peserta
Didukung déning |